Saturday, August 1, 2015

PITUTUR KUNO

Pesan bergulir. Viral.
Salam hormat untuk penulis aslinya, siapapun dan dimanapun berada. :)

+++

Sugeng enjang......sugeng makaryo......monggo dipun simak pitutur kuno meniko. Mugi mugi wonten khasiat ipun.

PITUTUR KUNO:

Wong yen nrima, uripe dawa
Wong yen sabar, rejekine ya jembar
Wong yen ngalah, uripe bakal berkah
Sapa sing jujur uripe ya makmur
Sapa sing sulaya uripe ya sengsara
Sapa sing sombong amale bakal kobong
Sapa sing telaten bakal panen
Aja padha ngresula mundak gelis tuwa
Sing wis lunga lalekna
Sing durung teka entenana
Sing wis ana syukurana
Iki tetuah wong jawa eling elingana lan lakonana.

SEHAT kuwi nek :

Mangan enak
Turu kepenak
Ngibadah jenak
Tonggo semanak
Keluarga cedak
Bondo cumepak
Kubur ra sesak
Suwargo mbukak 
Ketemu konco ngguyu ngakak..

Selamat beraktivitas. Semoga kebaikan,  dan.keberkahan terlimpah untuk kita semua.‎

Inung Gunarba | Dikirim dari BlackBerry Q10 saya.

No comments:

Post a Comment